pacontonan

nglurug tanpa bala; yen menang tan ngasorake liyan; para kawula padha suka-suka; marga adiling pangeran wus teka; ratune nyembah kawula; angagem trisula wedha; para pandhita hiya padha muja; hiya iku momongane kaki Sabdopalon; sing wis adu wirang nanging kondhang; genaha kacetha kanthi njingglang; nora ana wong ngresula kurang; hiya iku tandane kalabendu wis minger; centi wektu jejering kalamukti; andayani indering jagad raya; padha asung bhekti.
(menyerang tanpa pasukan; bila menang tak menghina yang lain; rakyat bersuka ria; karena keadilan Yang Kuasa telah tiba; raja menyembah rakyat; bersenjatakan trisula wedha; para pendeta juga pada memuja; itulah asuhannya Sabdopalon; yang sudah menanggung malu tetapi termasyhur; segalanya tampak terang benderang; tak ada yang mengeluh kekurangan; itulah tanda zaman kalabendu telah usai; berganti zaman penuh kemuliaan; memperkokoh tatanan jagad raya; semuanya menaruh rasa hormat yang tinggi).....<redha>

rikolo jaman semono


sakdurunge kapal mabur lan sak lio liane rikolo semono ono seng diarani titian"<seng rupo kayu lan di wenei glindhing>.
rikolo semono deso kroso adem ayem lan tentrem ora ono pemimpin sing ngesak"i duwite wong cilek.
lan wong cilek urip tentrem ora ono huru-hara opo -opo.jaman semono okeh wong susah tapi wong biyen duwe adek2 urip yuiku"urip rekoso ora opo2 seng penting seger kewarasan.

kahanan deso sing sumringah






Sensasi kaya mangkono iku mau kaya-kaya kagambarake maneh rikala aku nyipati bocah-bocah pinggir Kalimalang padha dus-dusan. Wiiiis.... jan presis kaya aku biyen! Bocah pirang-pirang cucul klambi lan kathok banjur bergaya ambyur ing kali saka jembatan. "Barange" kawir-kawir disawang wong akeh sing liwat dalan gedhe ing pinggir kali ya ora dadi isin. Bocah umuran semono kuwi pancen ya ra duwe isin. Undang-Undang Pornografi tidak berlaku, ora kanggo! Soale malah marakake ngguyu sing nyawang! (Hehehe... apa ana sing njur dadi greng?! Yen ana ya... ampun, deh!). Aku dhewe pas liwat ing kono, ndilalahe nggawa kamera, mandheg trus jeprat-jepret karo mesam-mesem. Eeeee.... malah banjur pada pasang aksi lan njaluk difoto bola-bali! Karang ya bocah..<redha>

wektu wengi ing ndeso





Wektu wening - kapan wae bisa kacipta - bisa dadi wektuning manungsa mertanggungjawabake uripe marang pribadine, ing ngarsaning Pangeran lan marang pepadha.
Lingsir wengi pancen sok dadi wektu sing becik kanggo menepake urip, apa maneh yen winengku ing sembahyang. Lingsir wengi dadi wektune nenepi, muja semedi lan ngaturake urip marang Gusti kang akarya gesang. Ing kono manungsa bisa katon kamulyan lan kaluhurane marga ana ing marganing kasucian, cinaketan mring Gusti.

Mendah begjane sapa wae sing bisa nduweni wektu wening iku, uripe bakal tumata lan ora nubras-nubras tanpa dhedhasar. Awit kang tumanduk ing wektu iku ora mung pikire dhewe, nanging uga Sabdaning Hyang Manon lumantar Kitab Suci kang kaagem, lan lumantar pengalamaning urip sing dititeni saben dina. Wektu wening iku wektu kanggo niti, niteni abang-ijone urip lan ala becike lelakon. Yen datan duwe wektu wening, tangeh lamun kautamaning urip bisa kagayuh, dibundheli, kaagem lan kawarataake marang pepadha.

wektu udan ngrecih






Udan ngrecih manduk mongso rendeng iki ngowo kahanan seng adem poro wargo ndeso ngantisipasi banjir.lan ojo lali wayah usum udan ngrecih luweh becik sandal"e ora usah digae.