kahanan deso sing sumringah






Sensasi kaya mangkono iku mau kaya-kaya kagambarake maneh rikala aku nyipati bocah-bocah pinggir Kalimalang padha dus-dusan. Wiiiis.... jan presis kaya aku biyen! Bocah pirang-pirang cucul klambi lan kathok banjur bergaya ambyur ing kali saka jembatan. "Barange" kawir-kawir disawang wong akeh sing liwat dalan gedhe ing pinggir kali ya ora dadi isin. Bocah umuran semono kuwi pancen ya ra duwe isin. Undang-Undang Pornografi tidak berlaku, ora kanggo! Soale malah marakake ngguyu sing nyawang! (Hehehe... apa ana sing njur dadi greng?! Yen ana ya... ampun, deh!). Aku dhewe pas liwat ing kono, ndilalahe nggawa kamera, mandheg trus jeprat-jepret karo mesam-mesem. Eeeee.... malah banjur pada pasang aksi lan njaluk difoto bola-bali! Karang ya bocah..<redha>

0 komentar: